OK
Panduan

11 Contoh Geguritan Bahasa Jawa dari Berbagai Tema. Yuk, Lestarikan Budaya Bangsa

14 September 2022 · 6 min read Author: Dodiek Dwiwanto

contoh geguritan bahasa jawa

Ingin memahami budaya Jawa lebih lanjut lagi, cari tahu sejumlah contoh geguritan bahasa Jawa dari berbagai tema berikut ini.

Awalnya, geguritan merupakan tembang khas Jawa berupa nyanyian dan memiliki rima sajak tertentu. 

Biasanya, para penyair membuat karya tersebut untuk dipersembahkan kepada raja yang berkuasa.

Salah satu karya sastra Jawa klasik ini umumnya berbentuk puisi berbentuk anonim alias tidak diketahui penciptanya. 

Penciptanya memang tidak ingin memperlihatkan dirinya, selain juga karya dianggap sebagai milik bersama.

Belakangan, pengertian geguritan semakin berkembang dan mempunyai persamaan puisi bebas.

Maksudnya, karya sastra ini tidak terikat pada aturan pola bahasa, sajak, dan lagu.

Situs properti Rumah123.com akan membahas karya sastra Jawa klasik ini mengutip dari sejumlah sumber.

bentuk geguritan

Sumber: Quora.com

Contoh Geguritan Bahasa Jawa dengan Sejumlah Tema yang Menarik 

1. Dongane Ibu

Oleh: Desi Siswanti Maharani   

Guritmu nyuwek sepi wengi karang pradesan. 

dadi kanca bence kang dadi tetembungan. 

Kidungmu dadi japa mantra nginthil laku jantraning duijana. 

Ibu… tembang-tembang dolananmu. 

dadi cagak awak uripku. 

jumangkah wani, mecaki donya klawu. 

Ibu … dongamu sing ngengidung 

muga-muga sing mawa tetembungan 

dadi pengaji-aji 

munthes satruning dhiri. 

2. Dhuh Gusti 

Oleh: Devi Nugraheni   

adhuh Gusti Ingkang Maha Asih 

mugi karsa paring sih wilasa 

mring kawula ingkang sekeng 

sekeng ing budi luhur 

ugi sekeng manah kang suci 

ngrasuk tindak kanisthan 

kelut tindak Input 

kapilut murka durzika 

andhap asor asih tresna dipun sirik 

nguja karsa priyangga 

adhuh Gusti. 

menapa malih ingkang kedah ditindakke 

menapa malih ingkang kedah diaturke 

rikala bantala menika geger 

nalika janma manungsa sami kurang ajar 

dhuh Gusti… 

panjenengan ingkang ngertos wewadi

menapa inggih kedah ngaten niki 

kahanan bumi kadya gabah den interi 

jaman menika 

mokal wonten pemimpin prasaja 

napa malih jujur wicaksana 

sedan ten sami mbujung bandha donya 

dhuh Gusti… 

mbok inggiha paduka paring emut supados 

sedanten sami nurut 

ing margi ingkang leres

3. Serat Beringharja 

Oleh Purwadmadi

Banarawa binarung alas Beringan gung

Pacethokan merdusun siniti rata sedyanipun

Binale angun angun memangun

Sitihinggil srantun mucuki lenggah sinuwun

Mangku wengkon bumine Hyang Manon

Bering, rawa reja

Kurug siti bantala rata bawera

Kandhang lodhang pepulung sandhang pangan

Patrap tuna satak bathi sanak

Laku jiwa ngayogya luru leluri larasing kartya

Titi tata tentreming praja raharjane kawula

Beringharja

Mustika tandha

Linambaran siti toya

Jejeg adeging Sri Narendra

Mangku mengku kumawala

Memayu hayuning bawana

Beringharja

Peken pancawara

Pasar gedhe nagari gung binathara

Paningset jumbuhing Gusti-Kawula

Ngrenggo ngayogya koncar kuncara

budaya jawa

4. Carita Kutha Ngayogyakarta 

Oleh Eko Wahyu Nugroho

Kababar sawijining carita

Carita Kutha Ngayogyakarta

Ngayogyakarta Hadiningrat kang kaloka

Kaloka endah sugih budaya

Grapyak sumanak wargane

Alus luhur bebudene

Prasaja tumindake

Gandhes luwes lan pantes agemane

Kabeh sarwa ginambar wela-wela

Gawe bungah para tamu wisata

Nalika ngancik Ngayogyakarta

Papan ayem tentrem karta raharja

5. Begal

Oleh Iswahyudi

Begal…

Wong liya nyebut brandhal!

Saben dina ngasah gaman nganggo ungkal

Kanggo nodhong njero terminal

Begal…

Pinter golek akal

Sapa wae bakal didadekake tumbal

Begal utege wis mirip kadhal

Yen kecekel dulangen sandhal!

Begal saiki…

Luwih tega nglarani!

Nggawa pitul nembak wong nganti mati!

Nggawe gregetan para pulisi!

Begal dibrantas ana ngendi-endi

Ketemon ngrampas ditembak mati

Begal saiki wis kebangeten

Wus kerep nggawa korban

Donya brana asil rampogan

Haram hukume yen dipangan

Bakal nampa siksaning nraka jahanam

6. Merapi 

Oleh Puthu Aryana

Merapi…

Saka kadohan katon gagah

Asep putih ndedel ing awiyat

Tilas dalan lahar katon cetha

Kena sunare Hyang Bagaskara

Merapi…

Saumpama kowe bisa crita

Kabeh kadadean ing tanah Jawa

Wiwit jaman Mataram Kuna

Nganti madege Kraton Ngayogyakarta

Merapi…

Sliramu anyekseni kridhaning bangsa

Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda

Jaman mardika jaman Soekarno

Nganti jaman Soeharto

Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo

Merapi dadi saksi

7. Kluwung 

Oleh Soewardi Baroto Martono

Ora katon garising kikismu

Nadyan wilangane tinemu

Oncating citramu, ambabar banyu

Tuhu agung kersane Gusti

Riris … grimis endah dinulu

Agawe menebing lebu

Mahanani segering banyu

Ora geseh, eseme anuju prana

Tansah gawe brantaning driya

Ora kapiyarsa wuwuse wacana

Rinengga endahing solah bawa

Andelidir ponang kintaka

Binarung kidung asmara

Iba mulya raharja, rasaku

Datan ana kang ngreridu

Rinonce kehing wanodya yu

Andum prasetya tuhu

Woh aren …, asung pepeling

Endahing citramu, boya sumandhing

Ora beda ngendikaning biyung

Sliramu … andha widhodari … ya kluwung

keraton yogyakarta dan geguritan

Sumber: Authenticindonesia.com

8. Arga Iki 

Oleh Siswidiadi Ngesti N

Mataun-taun

Sira ngrusak geger lan awakku

Makaping-kaping

Landhepe bendho lan pacul

Nyigar lemah subur dadi larik-larik tandur

Pokalmu mblandhong sapenak dhengkul…

Lemah ijo wis malih gundhul

Tirta musna ing mangsa ketiga

Ninggal belik nalika paceklik

Jare wadhuk dadi alesan

Ora bakal ana rampunge

Nadyan donya pisan

Denuntal sakabehe…

Yoh

Entenana

Yen tekan titi mangsa

Arga iki nagih prasetya…

9. Candhi Prambanan 

Oleh Nurlistiyati

Panggah jejeg ing bumi Mataram

Sansaya endah lan merak ati

Kawentar sinawang rina klawan wengi

Candi Prambanan

Nut simbah ujare

Sela kang gagah pideksa mau

Minangka seksi

Bandhung Bandawasa lan Roro Jonggrang

Sih tresna kinalang satru

Hamung palastra sulaya kang mungkasi lelakone

Genti madeg candhi kang sulistya

Dongeng mung tekan ujare simbah

Sejatine kabeh mung crita karangan

Minangka rerenggan nggo ngenthengi sanggan

Dadi dongeng kanggo paesing sela

Sineksen wektu

Dadi jujugan para manca

Gumun anyekseni sulistyane

Mugiya lestari ing salamiya

10. Sega Gudheg Sepincuk 

Oleh Tri Wahyuni

Bocah cilik iku mung manthuk

Aweh sasmita, tanpa swara

Apa dheweke wanuh?

Yen ing tanah klairane iki duwe tembang macapat

Kang mbabar sakehing tuntunan

Bocah cilik iku anteng sangarep buku parikan

Sinambi ngaba marang biyunge

Yen wetenge kluruk njaluk diisi

Sega gudheg pinincuk kertas kanthi tulisan

“Urip iku kaya dene gudheg, ndhuk, maneka rasa dadi siji. 

Pralambang yen urip iki ora mung sawarna. 

Wedange uga mirasa. 

Kari milih endi kang pengen tokcecepi. 

Kabeh mau gumantung awakmu. 

Makmur lan sengsaraning urip, ginaris ing epek-epekmu. 

Nanging kabeh mau, bisa mbok pulasi menganggo jangkah nggayuh sakehing pepadhang ing lakumu tekane tembe”

11. Oseng-Oseng Mercon 

Oleh Triwik Darmayanti

Pedhes…. tambane raga kang lagi gumreges

Nyos… nyulaki gom mecah mak plonyos

Hoh hah… slenget garba mlintir gurah

Ah wuh… riwe ambrol meriang dadi ewuh

Lombok kethok ngusadani gurung ngethok

Kenyil kikil sandhung lamur kaslamur sega mawur

Bawang brambang anjamoni sakit kronis

Blimbing tomat seger salira karumat

Salam laos andudut mrentul sihing raos

Sereh dhong jeruk samadya aja kemaruk

Sarem kecap lerema jaganen pangucap

Nah, itulah contoh geguritan bahasa Jawa yang bisa diketahui dan dipelajari bersama. 

Jangan lupa membaca artikel Rumah123.com untuk mendapatkan informasi yang menarik mengenai properti hingga gaya hidup.

Laman ini juga memudahkan bagi para pencari properti dan lainnya karena Rumah123.com memang #AdaBuat Kamu.

Saatnya kamu memilih dan mencari properti terbaik untuk tempat tinggal atau investasi, hanya di Rumah123.com.

Kalau kamu sedang mencari rekomendasi properti untuk tempat tinggal atau investasi, pilihan terbaik adalah Golden Hills.


Tag: , , , ,


Dodiek Dwiwanto
Penulis sekaligus Editor Rumah123.com. Hobi menonton tayangan desain rumah dan gaya hidup di HGTV saat senggang. Lagi mencari tahu dan belajar soal investasi saham properti dan crowdfunding. Siapa tahu jadi investor.
Selengkapnya

IKLAN

Tutup iklan
×

SCROLL UNTUK TERUS MEMBACA